Aku turning pujangga bisa nyipta Palgunadi & Anggraini bisa nyipta Panji & Candrakirana bisa crita edining kuncup melathi jingga tuwin aruming ludira O, jaman Kanwa jaman Sedhah pupuspan amrik mekar endah Leluhurku uriping saben jaman ngelik sesindhenan ing padesan lan ngumbara turut pasisir nasak wana salumahing bawana Rungokna, rungokna O, sumitra apa sliramu wis lega sesindhenan lagu warisan?