Awale tak anggap biasa koyok seng liyo-liyo, suwe-suwe koyok onok seng bedo, senyume, wajahé, tatapan matane, seng nggarai aku trus éling awakmu. Tapi iki kabeh pancen salah, mergo awakmu karo aku podo-podo wes nduwe pasangan. Eling-eling trus aku karo senyum manis terakhiré, tenan ora bakal tak lalekno. Koyoke atiku karo atiné wes podo-podo ora rela dipisahno... Iki pancen salah, tapi rasane angel ngempet rasa cinta seng wes mulai tak rasakno.